SUWARDI ENDRASWARA,
mijil wonten ing tlatah Kulon Progo, 3 April 1964. Ngangsu kawruh babagan
sastra lan budaya Jawa wonten ing IKIP Yogyakarta, rampung anggenipun ngangsu
kawruh rikala taun 1989. Lajeng piyambakipun dipunparingi kapitayan dados salah
satunggaling staff pengajar wonten
ing almamateripun, ingkang samenika
dados program studi Pendidikan Bahasa Jawa, FBS UNY. Tanggal 17 Maret 2011
sampun ngrampungaken S3 wonten ing UGM, kanthi ngonceki babagan teks-teks
mistik kejawen. Piyambakipun sampun nate dados guru SPG 17 III Bantul
dangunipun tigang taun, redaksi majalah
Mekar Sari dangunipun kalih taun, ugi nate dados ketua penyunting majalah sastra Jawa Pagagan. Samenika, piyambakipun
dados redaksi pelaksana majalah
Sempulur Dinas Kebudayaan DIY, Seksi
publikasi HISKI Komda DIY, Koordinator
Pembinaan Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta, anggota dewan presidium Masyarakat Tradisi Bantul (MTB), Ketua
Kesawa (Keluarga Alumni Bahasa Jawa), Ketua Penyunting
Jurnal Kejawen. Padamelan sanesipun inggih menika: (1) pranatacara manten
gaya “nyastra” lan (2) pengarang cerkak, cerbung, geguritan, novel, dongeng,
lan esai basa Indonesia lan Jawi.
Buku-buku
kagunganipun ingkang nate dipunterbitaken
inggih menika: Jangka; Antologi Crita Cekak Pilihan (Yayasan Pustaka Nusatama),
Kristal Emas; Antologi Geguritan (Yayasan Pustaka Nusatama), Mutiara Segegem;
Antologi Crita Cekak (ed.) oleh Yayasan Swadana, Kembang Ing Mangsa Ketiga,
Antologi Esai (Yayasan Swadana), Mutiara Wicara Jawa (Gadjah Mada University
Press, Yogyakarta), Seksologi Jawa (WWS, Jakarta), Metode Pengajaran Apresiasi
Sastra (Radhita Buana), Budi Pekerti dalam Budaya jawa (Hanindita), Mistik
Kejawen (Narasi), Metodologi Penelitian Sastra (Pustaka Widyatama), dan
Metodologi Penelitian Kebudayaan (Gadjah Mada Unversity Press), Mutiara Wacana
Jawa (Gadjah mada University Press), Membaca, Menulis, dan Mengajarkan Sastra:
Sastra Berbasis Kompetensi (Kota Kembang), Teori dan Metode Mengajarkan Sastra
(Gelombang Pasang), Rasa Sejati; Misteri Seks Dunia Kejawen (Narasi), Buku
Pinter Budaya Jawa (Gelombang Pasang), Budi Pekerti Jawa (Gelombang Pasang),
Sampyuh, Seks Jawa Agung (Kunthul Press), Dunia Hantu Orang Jawa (Narasi),
Tradisi Lisan Jawa (Narasi), Psikologi Sastra (Medpress), Laras Manis; Tuntunan
Kerawitan Jawa (Kunthul), Tuntutan Pembelajaran Sanggar Sastra (Kuntul),
Metodologi Penelitian Folklor (Media Presindo), dan Folklor Jawa (WWS,
Jakarta), Metodologi Penelitian Sastra Bandingan (Bukupop Jakarta), Sastra
Bandingan; Pendekatan dan Teori (Kuntul Press), Etika Hidup Orang Jawa
(Narasi), 30 Metode Pembelajaran Bahasa dan Sastra Jawa (Gelombang Pasang).
Kebatinan Jawa; Laku Hidup Utama Meraih Derajat Sempurna (Lembu Jawa), dan Kebatinan
Jawa dan Mistik Kejawen (Lembu Jawa).
Prestasi
ingkang nate dipungayuh, juara II nyerat novel Yayasan Citra Pariwara Jateng
kanthi irah-irahan Suket Teki; juara II Lomba Menulis Cagar Budaya, Juara
harapan I Lomba Menulis Esai Sastra Yogya, juara harapan I Menulis Artikel
Budaya Jarahnitra, Juara I Lomba Artikel Koran Pusat Bahasa Jakarta, dosen
berprestasi tingkat Nasional (2005), panampi bebingah sastra Rancage 2006.
Dados pambiwara wonten ing mapinten-pinten universitas, kadosta Universitas
Kebangsaan Malaysia, UNS, UGM, Unesa, Unes, Univet, Brunei, Sulawesi Tenggara,
Bangka, lan sapanunggalanipun. Samenika, piyambakipun lenggah wonten ing: (1)
Dalem: Ngrukem, RT 18, Krandohan, Pendowoharjo, Sewon Bantul, HP. 08156805293,
(2) Kantor: Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, FBS UNY, 55281, Telp. 550843,
psw.12. email: suwardi_endraswara@yahoo.com
