Jamu beras kencur
inggih menika obat tradhisional khas saking Jawa ingkang nggadhahi ancas saged damel
mantun pegel linu, masuk angin, lan menambah nafsu makan. Jamu beras kencur inggih menika jamu
tradhisional ingkang kathah dipunremeni jalaran nggadhahi ambet ingkang khas,
seger, saha raosipun boten pait. Beda sanged kaliyan jamu-jamu tradhisional
sanesipun ingkang kawentar nggadhahi raos ingkang pait sarta ambetipun ingkang
boten sedhep. Kangge saged angsal jamu beras kencur menika, panjenengan saged
mundhut wonten ing toko-toko jamu, tiyang ingkang sadean jamu, utawi saged
damel piyambak wonten ing dalem. Kangge damel jamu beras kencur piyambak menika
caranipun gampil sanged. Ingkang sepisan panjenengan kedah nyamektakaken
bahan-bahanipun langkung rumiyin. Bahan kangge damel jamu beras kencur inggih
menika:
·
Beras 200 gram
·
Kencur 50 gram, dipunresiki
·
Toya ingkang umob/Jarang panas 100 ml
·
Jahe 50 gram, dipunresiki
·
Ron pandan 2 lembar
·
Kelabet ½ sendhok teh
·
Kapulaga 10 buah
·
Kemukus ½ sendhok teh
·
Gendhis abrit 300 gram
·
Toya pethak 1500 ml
·
Uyah sakcekapipun
Caranipun ngolah jamu beras kencur inggih menika:
1.
Wos dipunkumbah ingkang resik, lajeng
dipuntirisaken
2. Saksampunipun tiris, sangrai wos kala
wau lajeng dipunkum wonten ing saklebeting toya ingkang sampun umob kirang
langkung 2 jam, lajeng dipuntirisaken
3.
Sangrai jahe saha kencur
4. Campur bahan-bahan kadosta wos, kencur,
jahe, kapulaga, kemukus, kelabet, lan paringi uyah sekedhik lajeng dipuntumbuk
mawi lumpang kaliyan alu utawi saged ngagem blender
5. Damel larutan saking gendhis abrit saha
pandan ngagem toya 1500 ml ngantos gendhisipun larut
6. Lebetaken adonan jamu ingkang nomer 4
wonten ing saklebetipun larutan gendhis lajeng dipungodhog ngantos umob
7.
Dipunudhak ngantos rata lajeng geni
dipunpejahaken
8. Saring larutan jamu ingkang sampun dados
wonten ing gelas/baskom kanthi ngginakaken kain saring supados ampasipun pisah
9. Beras kencur sampun siap dipununjuk
kanthi eca mumpung taksih anget utawi saged dipunlebetaken kulkas langkung
rumiyin.
Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011
Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar