Ringgit
wacucal menika salah satunggaling pagelaran ringgit ingkang mbabaraken lakon Mahabharata utawi Ramayana ingkang ringgitipun dipundamel saking
walulang. Jinising ringgit menika ingkang dipunremeni sanged ing Tanah Jawa.
Ringgit menika dipundamel saking walulang ingkang dipuntatah lan dipunentha
kados dene manungsa. Umumipun ringgit wacucal menika nyariosaken lakon Wayang Purwa,
ananging wonten ingkang ngagem Cariyos Menak lan Babad Tanah
Jawa, cariyos agami (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan
maneka warni cariyos sanesipun. Ringgit wacucal dipunlakokaken ing layar pethak
kang sinebat kelir. Dene
ringgit-ringgit menika dipuntancepaken ing debog wonten ing sisih tengen lan
kiwanipun dhalang. Gamelan ingkang wonten ing sisih wingking
ngiringi pagelaran menika. Pagelaran ringgit sampun dipunlampahi dening UNESCO rikala tanggal 7 November 2003, dados karya
kabudayan ingkang edi peni ing babagan cariyos dongeng lan warisan ingkang
wigatos sanged (Masterpiece of Oral
and Intangible Heritage of Humanity), UNESCO ugi nyuwun supados Indonesia saged njagi warisan
budaya menika.
Ringgit menika boten namung sumebar ing Jawa
kemawon, ananging ugi ing tlatah sanes ing Nuswantara. Ringgit wacucal sumebar ing
tanah Jawa ugi perangan sanes ing Nuswantara, ananging ringgit menika
langkung dipunremeni dening tiyang Jawa Tengah lan saperangan Jawa sisih wetan. Ing antawisipun panggenan
setunggal lan sanesipun gadhah gagrag piyambak-piyambak, ingkang ageng piyambak
Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag
Pesisiran ugi kawentar ing
tlatahipun piyambak.
Ing jaman samenika, pagelaran ringgit angsal ewah-ewahan. Campursari lan dhagelan mlebet ing antawisipun
pagelaran kala wau. Amargi ringgit sampun mlebet dados acara televisi,
dangunipun pagelaran ingkang asli sedalu natas saged dipunkirangi dados sawetawis
jam kemawon. Ringgit wacucal ugi asring sinebat ringgit purwa. Asalipun cariyos
inggih menika saking kitab Mahabharata lan Ramayana ingkang dipunserat dening
Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Ringgit wacucal umumipun dipundamel saking
bahan lulang kebo ingkang sampun dipunproses dados
lulang lembaran, saben setunggal paraga ringgit mbetahaken watara ukuran 50 x
30 cm lulang lembaran ingkang saklajengipun dipuntatah ngangem pirantos arupi wesi lancip. Wesi waja menika dipundamel
langkung rumiyin kanthi maneka wangun lan ukuran, wonten ingkang lancip, pipih,
alit, ageng lan wangun sanesipun ingkang nggadhahi ancas beda-beda. Wosipun
pirantos kala wau kangge damel maneka bolongan ukiran wonten ing lembaran
ringgit. Saksampunipun dipunpasang perangan badan sanesipun inggih menika asta.
Asta ringgit dumados saking kalih perangan inggih menika lengen nginggil lan
ngandhap, saengga asta saged dipunobahaken kadosta obahing asta
manungsa.
Gagang ringggit dipundamel saking bahan sungu kebo utawi sapi.
Asta ringgit ugi dipuncaosi gagang supados dhalang saged ngobahaken tasta ringgit kasebat.
Pakeliran utawi pagelaran ringgit wacucal mbetahaken pirantos
inggih menika:
·
Cempala:
thuthukan dhalang kangge ngiringi antawacana saha pacelathon ing lakon.
·
Kelir:
layar pethak ingkang dipunbeber kangge gobahaken wayang.
·
Blencong:
senthir kangge damel pewayangan, ing jaman samenika wonten wancinipun senthir
dipunsulih ngangem petromax utawi lampu listrik.
·
Kepyak:
dipundamel saking kuningan kangge iringanipun dhalang.
·
Kothak:
wadhah wayang lan kangge dipunthuthuk Cempala.
·
Gedebog/Debog:
kangge tancepaning wayang.
·
Gamelan:
kangge ngiringi pagelaran wayang.
Dhalang wonten ing donya pewayangan dipunartosaken minangka tiyang ingkang nggadhahi keahlian khusus kangge ngobahaken boneka wayang/ringgit (ndhalang). Keahlian kasebat adatipun saking bakat turun – temurun/warisan saking leluhuripun. Putranipun dhalang menika badhe saged ndhalang tanpa sinau kanthi formal. Piyambakipun ndherek bapakipun rikala saweg ndhalang kanthi mbetakaken pirantos, nata panggung, ngatur wayang (nyimping), dados pengrawit, utawi lenggah wonten ing sakwingkinging bapakipun kangge paring pambiyantu nyepakaken ringgit ingkang badhe dipunmainaken. Dhalang inggih menika sutradara, panyerat lakon, narator, pemain karakter, penyusun iringan, seorang “penyanyi”, penata pentas, penari lan sapanunggalanipun. Dudutanipun dhalang inggih menika tiyang ingkang gadhah kemampuan ganda, lan ugi sinebat manager, utawi tiyang ingkang mimpin wonten ing pagelaran dhumateng para anggotanipun (Ki Bambang Asmoro). Dhalang-dhalang ringgit wacucal ingkang sampun kawentar sanged lan dados legenda antawisipun almarhum Ki Narto Sabdo (Semarang, gaya Solo), almarhum Ki Surono (Banjarnegara, gaya Banyumas), Ki Timbul Hadi Prayitno (Yogya), almarhum Ki Hadi Sugito (Kulonprogo, Jogjakarta), Ki Soeparman (gaya Yogya), Ki Anom Suroto (gaya Solo), Ki Manteb Sudarsono (gaya Solo), Ki Enthus Susmono, Ki Agus Wiranto, menawi Pesinden ingkang legendaris inggih menika almarhumah Nyi Tjondrolukito.
Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar