Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipunadegaken déning Pangéran Mangkubumi. Madegipun Kraton Ngayogyakarta dipuwiwiti saking kadadosan nalika dipunawotenaken Perjanjian Giyanti ingkang wosipun inggih punika Krajan Mataram dipunpérang dados kalih inggih punika Kraton Kasunanan Surakarta saha Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Sasampunipun madegkaken Kraton Mataram Ngayogyakarta Pangéran Mangkubumi nggadhahi gelar Sri Sultan Hamengkubuwana I. Raja-raja Kasultanan Ngayogyakarta inggih menika wiwit saking Sri Sultan Hamengkubuwana I dumugi Sri Sultan Hamengkubuwana X. Sri Sultan Hamengkubuwana X tasih dados raja dumugi samenika. Kraton Kasultanan Ngayogyakarta nggadhahi fungsi minangka pusat pamrentahan, saha dalemipun raja sarta kulawarganipun, kajawi saking menika Kraton Kasultanan Ngayogyakarta dados pusat kabudayan wonten ing tanah Jawi.
Sinaoso kasultanan kasebat kanthi resmi sampun dados pérangan saking Republik Indonésia ing taun 1950, komplèks bangunan kraton menika taksih anggadhahi fungsi minangka papan panggènan sultan lan taksih nguri-uri tradhisi kasultanan ngantos samenika. Kraton menika ugi dados salah satunggiling objek wisata ing Kitha Yogyakarta. Sapérangan komplèks kraton arupi muséum ingkang nyimpen rupi-rupi kolèksi kagungan kasultanan, kalebet peparing saking mancanegari ing antawisipun saking raja-raja Éropah, réplika pusaka kraton, lan gamelan.
Saking wujud bangunanipun, kraton menika arupi salah satunggaling tuladha arsitèktur istana Jawa ingkang paling saé, anggadhahi balairung-balairung mewah sarta lapangan paviliun ingkang jembar.
Kraton Yogyakarta wiwit madeg déning Sultan Hamengku Buwono I sawetawis wulan sasampunipun Prejanjèn Giyanti ing taun 1755. Papanipun kraton menika kacariyos tilas pesanggarahan ingkang katelah Garjitawati. Pesanggrahan menika dipunginakaken kangé istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram (Kartasura lan Surakarta) ingkang badhé kasarèkaken ing Imogiri. Versi sanès nyebataken bilih lokasi kraton arupi sendhang, Umbul Pacethokan, ingkang wonten ing satengahing wana Beringan. Sadèrèngipun dados Kraton Yogyakarta, Sultan Hamengku Buwana I manggèn wonten ing Pesanggrahan Ambar Ketawang ingkang samenika kalebet wilayah Kecamatan Gamping Kabupatèn Sléman.
Sacara fisik istana para Sultan Yogyakarta anggadahi pitung komplèks inti inggih menika Siti Hinggil Lèr, Kamandhungan Lèr, Sri Manganti, Kedhaton, Kamagangan, Kamandhungan Kidul, lan Siti Hinggil Kidul. Sanèsipun menika Kraton Yogyakarta anggadhahi rupi-rupi warisan budaya ingkang awangun adicara lan barang-barang kina mawisajarah. Kraton Yogyakarta uga arupi satunggaling lembaga adat pepak lan pemangku adhatipun. Amargi saking menika filosofi lan ugi mitologi tansah kauri-uri ing Kraton Yogyakarta lan ing taun 1995 Komplèk Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipuncalonaken dados salah satunggaling Situs Warisan Donya UNESCO.
Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar