Rizki
(21) mlicet-mlicet saksampunipun sepedha montor ingkang dipuntitih kaliyan Lili
(20), srempetan kaliyan sepedha montor ingkang dipuntitih dening Parjan (35) wonten
ing mergi Parangtritis Km.10, Yogyakarta dinten Senin, 9 September kepengker.
Sukardi
salah satunggaling tiyang ingkang ningali kadadosan menika mratelakaken bilih srempetan
menika kadadosan rikala sepedha montor ingkang dipuntitih Parjan badhe mbelok
nengen ananging boten nggesangaken lampu riting. Rizki ingkang nitih sepedha
montor wonten ing sakwingkingipun Parjan boten mangretos bilih tiyang ingkang
wonten ing sakngajenging piyambakipun menika badhe mbelok, piyambakipun
langkung banter anggenipun nitih sepedha montor sahengga srempetan boten saget
dipunsingkiri.
Kedadosan
kasebat dipunsengkuyung kaliyan Lili. Piyayi estri ingkang dipunbonceng Rizki
menika boten nyangka srempetan menika
saget kadadosan. “Mergi menika jembar, dados kita saking wingking badhe nyalip
saking tengen, ananging bapak ingkang wonten ngajeng kala wau malah mbelok
nengen boten nggesangaken riting, nggih kita boten mangretos bilih bapak wau
badhe mbelok,“ ngendikanipun piyayi estri ingkang dados Sales Promotion Girl (SPG) menika.
Parjan
ingkang semaput wonten papan kadadosan prakara menika dipunbeta wonten ing
griyanipun salah satunggaling warga. Boten dipunmangretosi jalaranipun tiyang
ingkang lenggah wonten ing mergi Garuda Sakti menika saged semaput.
Piyambakipun saged sadar malih saksampunipun 15 menitan lan boten wonten gerah
nemen. Namung mumet lan kemeng wonten ing asta tengen ingkang dipunraosaken.
Rizki, tiyang ingkang mapan boten tebih saking papan kecelakaan kala wau
mlicet-mlicet wonten ing asta saha sukunipun. Lajeng Lili namung mlicet
sekedhik wonten ing astanipun.
Erni,
sedherekipun Rizki, kuciwa sanget srempetan kala wau saged kadadosan. Piyayi
estri ingkang radi sepuh menika radi kaget ningali kahanan rayinipun. “Nembe
kala wau piyambakipun pamit badhe njujugaken pacaripun nyambut damel, nembe
sauntara lajeng wonten telpon menawi
piyambakipun srempetan. Wau nggih sampun kula wanti-wanti supados langkung
ngatos-atos anggenipun nitih sepedha montor,“ ngendikanipun Erni.
Salah
satunggaling warga, Mur (35) mratelakaken bilih wonten ing mergi kala mau
asring kadadosan kecelakaan. Mergi ingkang jembar ndadosaken para tiyang
ingkang ngginakaken mergi menika anggenipun nitih langkung banter. Kahanan
ingkang radi sepi ndadosaken anggenipun nitih banter sahengga kesupen bilih kedah
ngatos-atos.
Srempetan ingkang
ndadosaken sepedha montor tiyang kekalih menika risak, dipunrampungaken kanthi
cara kekeluargaan, cara ingkang sae. Para korban lajeng dipunrujuk dhateng
Griya Sakit Nurush Sadri ingkang mapan boten tebih saking papan srempetan kala
wau.
Dening:
Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar