Museum
Gedong Kirtya mapan wonten ing Kitha Singaraja, Kabupaten Buleleng. Papan
ingkang sejatosipun wonten ing saklebeting gedung Sasana Budaya celak kaliyan
Puri Agung ( istana kina kerajaan Buleleng). Museum menika dipunbangun ing taun
1982 wonten ing jaman panjajahan Walandi. Museum menika sampun kawentar dhateng
mancanagari dados salah satunggaling museum naskah kina. Kathah masyarakat
saking mancanagari ingkang rawuh wonten museum menika kangge ngawontenaken
panaliten, sarta ancas-ancas sanesipun. Para masyarakat wonten ingkang rawuh
ing museum menika kanthi ajeg lan wonten ugi ingkang saben 6 sasi kaping
sepisan utawi rikala prei nalika sekolah.
Museum
ingkang mapan wonten ing Jl. Veteran, Singaraja, Bali lan bikak saben dinten
Kemis wanci tabuh 07.00-15.30 lajeng dinten Jumat tabuh 07.00-12.30 lan prei
nalika dinten Setu lan Minggu menika nggadhahi sejarah ngadegipun inggih menika
sastra ingkang wonten dhaerah Bali lan Lombok ingkang sampun dipunwarisaken
dening para sesepuh kita, dipunserat wonten ing ron lontar lan lontar-lontar
menika prelu dipunjagi lan dipunlestantunaken. Jalaran saking menika
naskah-naskah ingkang migunani sanged wonten ing bidang keilmuan kasebat rikala jaman Walandi dumugi jaman samenika
dipunsimpen kanthi sae wonten ing Gedong Kirtya Singaraja. Gedong Kirtya menika
mapan wonten ing Jl. Veteran 20, Singaraja, Bali.
Kangge
ngemutaken kesaenan-kesaenan ingkang sampun dipuntindakaken dening kalih cendikiawan saking Walandi inggih menika
F A Liefrinck saha Dr. Van Der Tuuk ingkang sampun ngawiti
panaliten kabudayan, adat-istiadat, lan basa wonten ing Bali, dening salah
satunggaling wakil pemerintah Walandi (Residen
Bali lan Lombok) lan salah satunggaling tiyang cendikiawan saking Walandi ingkang asmanipun L J J Caron, nggadhahi pamanggih supados ngawontenaken sarasehan
wonten ing Kintamani. Lajeng saking sarasehan kala wau saged kasil salah
satunggaling Paguyuban (stiching) papan kangge nyimpen
Lontar (Pusaka Lontar) utawi manuscript
(MSS), dipunsengkuyung dening Dr. R Ng
Purbacaraka, Dr. W R Stuterheim,
Dr. R Goris, Dr. Th Pigeand, Dr. C
Hooykaas lan ingkang sinaoso paring pambiyantu inggih menika para Pinandita
lan sedaya raja ing Bali kanthi pambiyantu wonten ing bidang moril lan materiil. Paguyuban menika saged dipunsebat ugi minangka wujud
alitipun Asiatic Society kagem
dhaerah Bali Lombok ingkang dipunjangkepi mawi koleksi MSS lan maneka warni
piranti kesenian saha penerbitan-penerbitan
kanthi wekdal tartamtu saking para sarjana ingkang ngawontenaken panaliten
asal usulipun Bali. Gedhung utawi papanipun dipunbangun wonten ing Singaraja
jalaran rikala semanten Singaraja menika dados ibu kota Bali. Papan pangemut-emut menika rumiyin dipun paring asma
Stiching Liefrinck Van der Tuuk.
Ananging
kanthi pamanggihipun Raja Buleleng I
Gusti Putu Jlantik dipunsukani mawi pacelathon Sansekerta-Bali “Kirtya” kanthi
mekaten paguyuban menika kawentar kanthi asma “Kirtya Liefrinck Van der Tuuk” ingkang dipunjejegaken rikala
tanggal 2 Juni 1928 wonten ing Singaraja lan saged dipunbikak kagem masyarakat
rikala tanggal 14 September 1928.
Tanggal
pambukanipun miturut taun Ishaka ingkang dipunagem wonten ing Bali,
dipuntingalaken mawi Monogram utawi Candra Sengkala ingkang dipunukir wonten
ing lawang mlebet (Paduraksa). Wonten ing mrika ketingal manungsa ingkang nitih
gajah mawi panah wonten ing astanipun, lajeng mejahi mungsuhipun lan tiyang
ingkang kenging panah menika pejah. Petanganipun kanthi mekaten :
Manungsa
(1), Gajah (8), Panah (5) lan tiyang pejah petanganipun (0), lajeng rikala
dipunwaos taun Ishakipun inggih menika Ishaka 1850.
Padamelan
wonten ing paguyuban dipunawiti rikala Desember 1930 dening para sarjana
Walandi lan dipunsengkuyung dening para cendikiawan
saking Bali. Buku ingkang sampun dipunwiyaraken kadosta awujud Buletin
(Mededeelingen), Kidung (Pamancangah) dipunwiyaraken kanthi aksara latin sarta ulasanipun
dening Dr. CC Berg, Oudheden van Bali dening Dr. W R Stutterheim ingkang arupi
pawiyaran wiwitan Kirtya.
Cacahipun
koleksi Lontar menika 1750 cakep, Salinan Lontar 7211 irah-irahan, Buku 8490 irah-irahan, sedanten
menika dipunurutaken kanthi adhedhasar kelompok (klasifikasi), ing antawisipun
:
I. WEDA
I. WEDA
a. Weda,
Weda-weda ingkang wonten ing Bali, mawi basa Sansekerta, Jawa Kuno, lan Bali
b. Mantra,
miturut mula bukanipun saking Jawa lan Bali
c. Kalpasastra,
(Ritnalia) wosipun inggih menika manpangat upacara-upacara ingkang wonten
sesambunganipun kaliyan agama
II. AGAMA
a. Palakerta,
ngewrat tata trapsila kadosta : Dharmasastra, Kertasima lan Awig-awig.
b. Sesana,
buku ingkang nedahaken babagan kasucenan tindak tanduk.
c. Niti,
ngewrat babagan hukum lan ugi perundang-undangan ingkang dipunginakaken wonten
ing jaman kerajaan.
III. WARIGA
a. Wariga,
(Astrologiesche Warken) pangretosan
babagan Astronomi lan Astrologi
b. Tutur,
(Onderricht) asalipun saking Upadesa pangretosan babagan Kosmos celak
kaitanipun kaliyan agama
c. Kanda,
(Handboeken) babagan ngelmi basa, papan, Mitologi, lan ngelmi pangretosan
ingkang sejatosipun
d. Usada,
Rontal pangobatan tradhisional
IV. ITIHASA
a. Parwa,
dipundamel awujud Prosa
b. Kekawin,
dipundamel kanthi adhedhasar maat India Kina
Pangretosan saha ngelmi ingkang dipunukir wonten ing
lontar lan dokumen sanesipun menika dados
harta ingkang boten saged
dipungunggungaken. Jalaran saking menika kangge damel pangretosan kasebat saged
dipunmangretosi dening masyarakat, Ron Jenkis ingkang dipunsengkuyung kaliyan
para sarjana Bali, I Nyoman Catra, Dewa Made Dharmawan, lan Elizabeth Ridolfo
damel salah satunggaling proyek ingkang
dipun awiti taun 2011. Ancasipun kangge nyimpen, njagi, lan paring pangretosan
dhateng mancanagari babagan literatur
Bali. Mawi menika tiyang saking nagari manca saged ningali naskah-naskah
kasebat. Proyek menika dipunawiti kanthi mendhet poto saking saben lontar
lajeng dipununggah dhateng server internet. Kejawi mekaten, wos
saking naskah ingkang ajegipun dipunserat mawi basa Kawi, Bali Kuno, lan
Sansekerta saged dipun alih basakaken wonten ing basa Bali, Basa Indonesia,
saha Basa Inggris. Proyek menika
dioundadosaken kangge cara nepangaken literature
Bali wonten ing Mancanagari.
Dening: Priyo
Nugroho (11205244025) PBD G 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar