Translate

Jumat, 31 Januari 2014

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat (News Feature)




Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipunadegaken déning Pangéran Mangkubumi. Madegipun Kraton Ngayogyakarta dipuwiwiti saking kadadosan nalika dipunawotenaken Perjanjian Giyanti ingkang wosipun inggih punika Krajan Mataram dipunpérang dados kalih inggih punika Kraton Kasunanan Surakarta saha Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Sasampunipun madegkaken Kraton Mataram Ngayogyakarta Pangéran Mangkubumi nggadhahi gelar Sri Sultan Hamengkubuwana I. Raja-raja Kasultanan Ngayogyakarta inggih menika wiwit saking Sri Sultan Hamengkubuwana I dumugi Sri Sultan Hamengkubuwana X. Sri Sultan Hamengkubuwana X tasih dados raja dumugi samenika. Kraton Kasultanan Ngayogyakarta nggadhahi fungsi minangka pusat pamrentahan, saha dalemipun raja sarta kulawarganipun, kajawi saking menika Kraton Kasultanan Ngayogyakarta dados pusat kabudayan wonten ing tanah Jawi.
Sinaoso kasultanan kasebat kanthi resmi sampun dados pérangan saking Republik Indonésia ing taun 1950, komplèks bangunan kraton menika taksih anggadhahi fungsi minangka papan panggènan sultan lan taksih nguri-uri tradhisi kasultanan ngantos samenika. Kraton menika ugi dados salah satunggiling objek wisata ing Kitha Yogyakarta. Sapérangan komplèks kraton arupi muséum ingkang nyimpen rupi-rupi kolèksi kagungan kasultanan, kalebet peparing saking mancanegari ing antawisipun saking raja-raja Éropah, réplika pusaka kraton, lan gamelan.
Saking wujud bangunanipun, kraton menika arupi salah satunggaling tuladha arsitèktur istana Jawa ingkang paling saé, anggadhahi balairung-balairung mewah sarta lapangan paviliun ingkang jembar.
Kraton Yogyakarta wiwit madeg déning Sultan Hamengku Buwono I sawetawis wulan sasampunipun Prejanjèn Giyanti ing taun 1755. Papanipun kraton menika kacariyos tilas pesanggarahan ingkang katelah Garjitawati. Pesanggrahan menika dipunginakaken kangé istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram (Kartasura lan Surakarta) ingkang badhé kasarèkaken ing Imogiri. Versi sanès nyebataken bilih lokasi kraton arupi sendhang, Umbul Pacethokan, ingkang wonten ing satengahing wana Beringan. Sadèrèngipun dados Kraton Yogyakarta, Sultan Hamengku Buwana I manggèn wonten ing Pesanggrahan Ambar Ketawang ingkang samenika kalebet wilayah Kecamatan Gamping Kabupatèn Sléman.

Sacara fisik istana para Sultan Yogyakarta anggadahi pitung komplèks inti inggih menika Siti Hinggil Lèr, Kamandhungan Lèr, Sri Manganti, Kedhaton, Kamagangan, Kamandhungan Kidul, lan Siti Hinggil Kidul. Sanèsipun menika Kraton Yogyakarta anggadhahi rupi-rupi warisan budaya ingkang awangun adicara lan barang-barang kina mawisajarah. Kraton Yogyakarta uga arupi satunggaling lembaga adat pepak lan pemangku adhatipun. Amargi saking menika filosofi lan ugi mitologi tansah kauri-uri ing Kraton Yogyakarta lan ing taun 1995 Komplèk Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipuncalonaken dados salah satunggaling Situs Warisan Donya UNESCO.


Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011



Rabu, 22 Januari 2014

Museum / Perpustakaan “Gedong Kirtya”


Museum Gedong Kirtya mapan wonten ing Kitha Singaraja, Kabupaten Buleleng. Papan ingkang sejatosipun wonten ing saklebeting gedung Sasana Budaya celak kaliyan Puri Agung ( istana kina kerajaan Buleleng). Museum menika dipunbangun ing taun 1982 wonten ing jaman panjajahan Walandi. Museum menika sampun kawentar dhateng mancanagari dados salah satunggaling museum naskah kina. Kathah masyarakat saking mancanagari ingkang rawuh wonten museum menika kangge ngawontenaken panaliten, sarta ancas-ancas sanesipun. Para masyarakat wonten ingkang rawuh ing museum menika kanthi ajeg lan wonten ugi ingkang saben 6 sasi kaping sepisan utawi rikala prei nalika sekolah.
Museum ingkang mapan wonten ing Jl. Veteran, Singaraja, Bali lan bikak saben dinten Kemis wanci tabuh 07.00-15.30 lajeng dinten Jumat tabuh 07.00-12.30 lan prei nalika dinten Setu lan Minggu menika nggadhahi sejarah ngadegipun inggih menika sastra ingkang wonten dhaerah Bali lan Lombok ingkang sampun dipunwarisaken dening para sesepuh kita, dipunserat wonten ing ron lontar lan lontar-lontar menika prelu dipunjagi lan dipunlestantunaken. Jalaran saking menika naskah-naskah ingkang migunani sanged wonten ing bidang keilmuan kasebat rikala jaman Walandi dumugi jaman samenika dipunsimpen kanthi sae wonten ing Gedong Kirtya Singaraja. Gedong Kirtya menika mapan wonten ing Jl. Veteran 20, Singaraja, Bali.
Kangge ngemutaken kesaenan-kesaenan ingkang sampun dipuntindakaken dening kalih cendikiawan saking Walandi inggih menika F A Liefrinck saha Dr. Van Der Tuuk ingkang sampun ngawiti panaliten kabudayan, adat-istiadat, lan basa wonten ing Bali, dening salah satunggaling wakil pemerintah Walandi (Residen Bali lan Lombok) lan salah satunggaling tiyang cendikiawan saking Walandi ingkang asmanipun L J J Caron, nggadhahi pamanggih supados ngawontenaken sarasehan wonten ing Kintamani. Lajeng saking sarasehan kala wau saged kasil salah satunggaling Paguyuban (stiching) papan kangge nyimpen Lontar (Pusaka Lontar) utawi manuscript (MSS), dipunsengkuyung dening Dr. R Ng Purbacaraka, Dr. W R Stuterheim, Dr. R Goris, Dr. Th Pigeand, Dr. C Hooykaas lan ingkang sinaoso paring pambiyantu inggih menika para Pinandita lan sedaya raja ing Bali kanthi pambiyantu wonten ing bidang moril lan materiil. Paguyuban menika saged dipunsebat ugi minangka wujud alitipun Asiatic Society kagem dhaerah Bali Lombok ingkang dipunjangkepi mawi koleksi MSS lan maneka warni piranti kesenian saha penerbitan-penerbitan kanthi wekdal tartamtu saking para sarjana ingkang ngawontenaken panaliten asal usulipun Bali. Gedhung utawi papanipun dipunbangun wonten ing Singaraja jalaran rikala semanten Singaraja menika dados ibu kota Bali. Papan pangemut-emut menika rumiyin dipun paring asma Stiching Liefrinck Van der Tuuk.
Ananging kanthi pamanggihipun  Raja Buleleng I Gusti Putu Jlantik dipunsukani mawi pacelathon Sansekerta-Bali “Kirtya” kanthi mekaten paguyuban menika kawentar kanthi asma “Kirtya Liefrinck Van der Tuuk” ingkang dipunjejegaken rikala tanggal 2 Juni 1928 wonten ing Singaraja lan saged dipunbikak kagem masyarakat rikala tanggal 14 September 1928.
Tanggal pambukanipun miturut taun Ishaka ingkang dipunagem wonten ing Bali, dipuntingalaken mawi Monogram utawi Candra Sengkala ingkang dipunukir wonten ing lawang mlebet (Paduraksa). Wonten ing mrika ketingal manungsa ingkang nitih gajah mawi panah wonten ing astanipun, lajeng mejahi mungsuhipun lan tiyang ingkang kenging panah menika pejah. Petanganipun kanthi mekaten :
Manungsa (1), Gajah (8), Panah (5) lan tiyang pejah petanganipun (0), lajeng rikala dipunwaos taun Ishakipun inggih menika Ishaka 1850.
Padamelan wonten ing paguyuban dipunawiti rikala Desember 1930 dening para sarjana Walandi lan dipunsengkuyung dening para cendikiawan saking Bali. Buku ingkang sampun dipunwiyaraken kadosta awujud Buletin (Mededeelingen), Kidung (Pamancangah) dipunwiyaraken kanthi aksara latin sarta ulasanipun dening Dr. CC Berg, Oudheden van Bali dening Dr. W R Stutterheim ingkang arupi pawiyaran wiwitan Kirtya.
Cacahipun koleksi Lontar menika 1750 cakep, Salinan Lontar 7211  irah-irahan, Buku 8490 irah-irahan, sedanten menika dipunurutaken kanthi adhedhasar kelompok (klasifikasi), ing antawisipun :
 I.       WEDA
a.       Weda, Weda-weda ingkang wonten ing Bali, mawi basa Sansekerta, Jawa Kuno, lan Bali
b.      Mantra, miturut mula bukanipun saking Jawa lan Bali
c.       Kalpasastra, (Ritnalia) wosipun inggih menika manpangat upacara-upacara ingkang wonten sesambunganipun kaliyan agama
                        II.       AGAMA
a.       Palakerta, ngewrat tata trapsila kadosta : Dharmasastra, Kertasima lan Awig-awig.
b.      Sesana, buku ingkang nedahaken babagan kasucenan tindak tanduk.
c.       Niti, ngewrat babagan hukum lan ugi perundang-undangan ingkang dipunginakaken wonten ing jaman kerajaan.
                        III.      WARIGA
a.       Wariga, (Astrologiesche Warken) pangretosan babagan Astronomi lan Astrologi
b.      Tutur, (Onderricht) asalipun saking Upadesa pangretosan babagan Kosmos celak kaitanipun kaliyan agama
c.       Kanda, (Handboeken) babagan ngelmi basa, papan, Mitologi, lan ngelmi pangretosan ingkang sejatosipun
d.      Usada, Rontal pangobatan tradhisional
                        IV.      ITIHASA
a.       Parwa, dipundamel awujud Prosa
b.      Kekawin, dipundamel kanthi adhedhasar maat India Kina
Pangretosan saha ngelmi ingkang dipunukir wonten ing lontar lan dokumen sanesipun menika dados harta  ingkang boten saged dipungunggungaken. Jalaran saking menika kangge damel pangretosan kasebat saged dipunmangretosi dening masyarakat, Ron Jenkis ingkang dipunsengkuyung kaliyan para sarjana Bali, I Nyoman Catra, Dewa Made Dharmawan, lan Elizabeth Ridolfo damel salah satunggaling proyek ingkang dipun awiti taun 2011. Ancasipun kangge nyimpen, njagi, lan paring pangretosan dhateng mancanagari babagan literatur Bali. Mawi menika tiyang saking nagari manca saged ningali naskah-naskah kasebat. Proyek menika dipunawiti kanthi mendhet poto saking saben lontar lajeng dipununggah dhateng server internet. Kejawi mekaten, wos saking naskah ingkang ajegipun dipunserat mawi basa Kawi, Bali Kuno, lan Sansekerta saged dipun alih basakaken wonten ing basa Bali, Basa Indonesia, saha Basa Inggris. Proyek menika dioundadosaken kangge cara nepangaken literature Bali wonten ing Mancanagari.


Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011                    

Kesupen Nggesangaken Riting, dados Memala (Straight News)


        Rizki (21) mlicet-mlicet saksampunipun sepedha montor ingkang dipuntitih kaliyan Lili (20), srempetan kaliyan sepedha montor ingkang dipuntitih dening Parjan (35) wonten ing mergi Parangtritis Km.10, Yogyakarta dinten Senin, 9 September kepengker.
Sukardi salah satunggaling tiyang ingkang ningali kadadosan menika mratelakaken bilih srempetan menika kadadosan rikala sepedha montor ingkang dipuntitih Parjan badhe mbelok nengen ananging boten nggesangaken lampu riting. Rizki ingkang nitih sepedha montor wonten ing sakwingkingipun Parjan boten mangretos bilih tiyang ingkang wonten ing sakngajenging piyambakipun menika badhe mbelok, piyambakipun langkung banter anggenipun nitih sepedha montor sahengga srempetan boten saget dipunsingkiri.
Kedadosan kasebat dipunsengkuyung kaliyan Lili. Piyayi estri ingkang dipunbonceng Rizki menika boten nyangka srempetan  menika saget kadadosan. “Mergi menika jembar, dados kita saking wingking badhe nyalip saking tengen, ananging bapak ingkang wonten ngajeng kala wau malah mbelok nengen boten nggesangaken riting, nggih kita boten mangretos bilih bapak wau badhe mbelok,“ ngendikanipun piyayi estri ingkang dados Sales Promotion Girl (SPG) menika.
Parjan ingkang semaput wonten papan kadadosan prakara menika dipunbeta wonten ing griyanipun salah satunggaling warga. Boten dipunmangretosi jalaranipun tiyang ingkang lenggah wonten ing mergi Garuda Sakti menika saged semaput. Piyambakipun saged sadar malih saksampunipun 15 menitan lan boten wonten gerah nemen. Namung mumet lan kemeng wonten ing asta tengen ingkang dipunraosaken. Rizki, tiyang ingkang mapan boten tebih saking papan kecelakaan kala wau mlicet-mlicet wonten ing asta saha sukunipun. Lajeng Lili namung mlicet sekedhik wonten ing astanipun.
Erni, sedherekipun Rizki, kuciwa sanget srempetan kala wau saged kadadosan. Piyayi estri ingkang radi sepuh menika radi kaget ningali kahanan rayinipun. “Nembe kala wau piyambakipun pamit badhe njujugaken pacaripun nyambut damel, nembe sauntara lajeng  wonten telpon menawi piyambakipun srempetan. Wau nggih sampun kula wanti-wanti supados langkung ngatos-atos anggenipun nitih sepedha montor,“ ngendikanipun Erni.
Salah satunggaling warga, Mur (35) mratelakaken bilih wonten ing mergi kala mau asring kadadosan kecelakaan. Mergi ingkang jembar ndadosaken para tiyang ingkang ngginakaken mergi menika anggenipun nitih langkung banter. Kahanan ingkang radi sepi ndadosaken anggenipun nitih banter sahengga kesupen bilih kedah ngatos-atos.
Srempetan ingkang ndadosaken sepedha montor tiyang kekalih menika risak, dipunrampungaken kanthi cara kekeluargaan, cara ingkang sae. Para korban lajeng dipunrujuk dhateng Griya Sakit Nurush Sadri ingkang mapan boten tebih saking papan srempetan kala wau.

Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011