Translate

Minggu, 02 Februari 2014

Biografi Dr.Suwardi, M.Hum.

SUWARDI ENDRASWARA, mijil wonten ing tlatah Kulon Progo, 3 April 1964. Ngangsu kawruh babagan sastra lan budaya Jawa wonten ing IKIP Yogyakarta, rampung anggenipun ngangsu kawruh rikala taun 1989. Lajeng piyambakipun dipunparingi kapitayan dados salah satunggaling staff pengajar wonten ing almamateripun, ingkang samenika dados program studi Pendidikan Bahasa Jawa, FBS UNY. Tanggal 17 Maret 2011 sampun ngrampungaken S3 wonten ing UGM, kanthi ngonceki babagan teks-teks mistik kejawen. Piyambakipun sampun nate dados guru SPG 17 III Bantul dangunipun tigang taun, redaksi majalah Mekar Sari dangunipun kalih taun, ugi nate dados ketua penyunting majalah sastra Jawa Pagagan. Samenika, piyambakipun dados redaksi pelaksana majalah Sempulur Dinas Kebudayaan DIY, Seksi publikasi HISKI Komda DIY, Koordinator Pembinaan Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta, anggota dewan presidium Masyarakat Tradisi Bantul (MTB), Ketua Kesawa (Keluarga Alumni Bahasa Jawa), Ketua Penyunting Jurnal Kejawen. Padamelan sanesipun inggih menika: (1) pranatacara manten gaya “nyastra” lan (2) pengarang cerkak, cerbung, geguritan, novel, dongeng, lan esai basa Indonesia lan Jawi.
Buku-buku kagunganipun ingkang nate dipunterbitaken inggih menika: Jangka; Antologi Crita Cekak Pilihan (Yayasan Pustaka Nusatama), Kristal Emas; Antologi Geguritan (Yayasan Pustaka Nusatama), Mutiara Segegem; Antologi Crita Cekak (ed.) oleh Yayasan Swadana, Kembang Ing Mangsa Ketiga, Antologi Esai (Yayasan Swadana), Mutiara Wicara Jawa (Gadjah Mada University Press, Yogyakarta), Seksologi Jawa (WWS, Jakarta), Metode Pengajaran Apresiasi Sastra (Radhita Buana), Budi Pekerti dalam Budaya jawa (Hanindita), Mistik Kejawen (Narasi), Metodologi Penelitian Sastra (Pustaka Widyatama), dan Metodologi Penelitian Kebudayaan (Gadjah Mada Unversity Press), Mutiara Wacana Jawa (Gadjah mada University Press), Membaca, Menulis, dan Mengajarkan Sastra: Sastra Berbasis Kompetensi (Kota Kembang), Teori dan Metode Mengajarkan Sastra (Gelombang Pasang), Rasa Sejati; Misteri Seks Dunia Kejawen (Narasi), Buku Pinter Budaya Jawa (Gelombang Pasang), Budi Pekerti Jawa (Gelombang Pasang), Sampyuh, Seks Jawa Agung (Kunthul Press), Dunia Hantu Orang Jawa (Narasi), Tradisi Lisan Jawa (Narasi), Psikologi Sastra (Medpress), Laras Manis; Tuntunan Kerawitan Jawa (Kunthul), Tuntutan Pembelajaran Sanggar Sastra (Kuntul), Metodologi Penelitian Folklor (Media Presindo), dan Folklor Jawa (WWS, Jakarta), Metodologi Penelitian Sastra Bandingan (Bukupop Jakarta), Sastra Bandingan; Pendekatan dan Teori (Kuntul Press), Etika Hidup Orang Jawa (Narasi), 30 Metode Pembelajaran Bahasa dan Sastra Jawa (Gelombang Pasang). Kebatinan Jawa; Laku Hidup Utama Meraih Derajat Sempurna (Lembu Jawa), dan Kebatinan Jawa  dan Mistik Kejawen (Lembu Jawa).
Prestasi ingkang nate dipungayuh, juara II nyerat novel Yayasan Citra Pariwara Jateng kanthi irah-irahan Suket Teki; juara II Lomba Menulis Cagar Budaya, Juara harapan I Lomba Menulis Esai Sastra Yogya, juara harapan I Menulis Artikel Budaya Jarahnitra, Juara I Lomba Artikel Koran Pusat Bahasa Jakarta, dosen berprestasi tingkat Nasional (2005), panampi bebingah sastra Rancage 2006. Dados pambiwara wonten ing mapinten-pinten universitas, kadosta Universitas Kebangsaan Malaysia, UNS, UGM, Unesa, Unes, Univet, Brunei, Sulawesi Tenggara, Bangka, lan sapanunggalanipun. Samenika, piyambakipun lenggah wonten ing: (1) Dalem: Ngrukem, RT 18, Krandohan, Pendowoharjo, Sewon Bantul, HP. 08156805293, (2) Kantor: Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, FBS UNY, 55281, Telp. 550843, psw.12. email: suwardi_endraswara@yahoo.com

Sabtu, 01 Februari 2014

Cara Damel Jamu Beras Kencur "Spesial"

Jamu beras kencur inggih menika obat tradhisional khas saking Jawa ingkang nggadhahi ancas saged damel mantun pegel linu, masuk angin, lan menambah nafsu makan. Jamu beras kencur inggih menika jamu tradhisional ingkang kathah dipunremeni jalaran nggadhahi ambet ingkang khas, seger, saha raosipun boten pait. Beda sanged kaliyan jamu-jamu tradhisional sanesipun ingkang kawentar nggadhahi raos ingkang pait sarta ambetipun ingkang boten sedhep. Kangge saged angsal jamu beras kencur menika, panjenengan saged mundhut wonten ing toko-toko jamu, tiyang ingkang sadean jamu, utawi saged damel piyambak wonten ing dalem. Kangge damel jamu beras kencur piyambak menika caranipun gampil sanged. Ingkang sepisan panjenengan kedah nyamektakaken bahan-bahanipun langkung rumiyin. Bahan kangge damel jamu beras kencur inggih menika:
              ·         Beras 200 gram
              ·         Kencur 50 gram, dipunresiki
              ·         Toya ingkang umob/Jarang panas 100 ml
              ·         Jahe 50 gram, dipunresiki
              ·         Ron pandan 2 lembar
              ·         Kelabet ½ sendhok teh
              ·         Kapulaga 10 buah
              ·         Kemukus ½ sendhok teh
              ·         Gendhis abrit 300 gram
              ·         Toya pethak 1500 ml
              ·         Uyah sakcekapipun
Caranipun ngolah jamu beras kencur inggih menika:
1.        Wos dipunkumbah ingkang resik, lajeng dipuntirisaken
2.       Saksampunipun tiris, sangrai wos kala wau lajeng dipunkum wonten ing saklebeting toya ingkang sampun umob kirang langkung 2 jam, lajeng dipuntirisaken
3.        Sangrai jahe saha kencur
4.    Campur bahan-bahan kadosta wos, kencur, jahe, kapulaga, kemukus, kelabet, lan paringi uyah sekedhik lajeng dipuntumbuk mawi lumpang kaliyan alu utawi saged ngagem blender
5.    Damel larutan saking gendhis abrit saha pandan ngagem toya 1500 ml ngantos gendhisipun larut
6.    Lebetaken adonan jamu ingkang nomer 4 wonten ing saklebetipun larutan gendhis lajeng dipungodhog ngantos umob
7.        Dipunudhak ngantos rata lajeng geni dipunpejahaken
8.    Saring larutan jamu ingkang sampun dados wonten ing gelas/baskom kanthi ngginakaken kain saring supados ampasipun pisah
9.   Beras kencur sampun siap dipununjuk kanthi eca mumpung taksih anget utawi saged dipunlebetaken kulkas langkung rumiyin.

Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011

Ringgit Wacucal

Ringgit wacucal menika salah satunggaling pagelaran ringgit ingkang mbabaraken lakon Mahabharata utawi Ramayana ingkang ringgitipun dipundamel saking walulang. Jinising ringgit menika ingkang dipunremeni sanged ing Tanah Jawa. Ringgit menika dipundamel saking walulang ingkang dipuntatah lan dipunentha kados dene manungsa. Umumipun ringgit wacucal menika nyariosaken lakon Wayang Purwa, ananging wonten  ingkang ngagem Cariyos Menak lan Babad Tanah Jawa, cariyos agami (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan maneka warni cariyos sanesipun. Ringgit wacucal dipunlakokaken ing layar pethak kang sinebat kelir. Dene ringgit-ringgit menika dipuntancepaken ing debog wonten ing sisih tengen lan kiwanipun dhalang. Gamelan ingkang wonten ing sisih wingking ngiringi pagelaran menika. Pagelaran ringgit sampun dipunlampahi dening UNESCO rikala tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang edi peni ing babagan cariyos dongeng lan warisan ingkang wigatos sanged (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity), UNESCO ugi nyuwun supados Indonesia saged njagi warisan budaya menika.
Ringgit menika boten namung sumebar ing Jawa kemawon, ananging ugi ing tlatah sanes ing Nuswantara. Ringgit wacucal sumebar ing tanah Jawa ugi perangan sanes ing Nuswantara, ananging ringgit menika langkung dipunremeni dening tiyang Jawa Tengah lan saperangan Jawa sisih wetan. Ing antawisipun panggenan setunggal lan sanesipun gadhah gagrag piyambak-piyambak, ingkang ageng piyambak Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran ugi kawentar ing tlatahipun piyambak.
Ing jaman samenika, pagelaran ringgit angsal ewah-ewahan. Campursari lan dhagelan mlebet ing antawisipun pagelaran kala wau. Amargi ringgit sampun mlebet dados acara televisi, dangunipun pagelaran ingkang asli sedalu natas saged dipunkirangi dados sawetawis jam kemawon. Ringgit wacucal ugi asring sinebat ringgit purwa. Asalipun cariyos inggih menika saking kitab Mahabharata lan Ramayana ingkang dipunserat dening Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Ringgit wacucal umumipun dipundamel saking bahan lulang kebo ingkang sampun dipunproses dados lulang lembaran, saben setunggal paraga ringgit mbetahaken watara ukuran 50 x 30 cm lulang lembaran ingkang saklajengipun dipuntatah ngangem pirantos arupi wesi lancip. Wesi waja menika dipundamel langkung rumiyin kanthi maneka wangun lan ukuran, wonten ingkang lancip, pipih, alit, ageng lan wangun sanesipun ingkang nggadhahi ancas beda-beda. Wosipun pirantos kala wau kangge damel maneka bolongan ukiran wonten ing lembaran ringgit. Saksampunipun dipunpasang perangan badan sanesipun inggih menika asta. Asta ringgit dumados saking kalih perangan inggih menika lengen nginggil lan ngandhap, saengga asta saged dipunobahaken kadosta obahing asta manungsa. Gagang ringggit dipundamel saking bahan sungu kebo utawi sapi. Asta ringgit ugi dipuncaosi gagang supados dhalang saged ngobahaken tasta ringgit kasebat.
Pakeliran utawi pagelaran ringgit wacucal mbetahaken pirantos inggih menika:
·         Cempala: thuthukan dhalang kangge ngiringi antawacana saha pacelathon ing lakon.
·         Kelir: layar pethak ingkang dipunbeber kangge gobahaken wayang.
·         Blencong: senthir kangge damel pewayangan, ing jaman samenika wonten wancinipun senthir dipunsulih ngangem petromax utawi lampu listrik.
·         Kepyak: dipundamel saking kuningan kangge iringanipun dhalang.
·         Kothak: wadhah wayang lan kangge dipunthuthuk Cempala.
·         Gedebog/Debog: kangge tancepaning wayang.
·         Gamelan: kangge ngiringi pagelaran wayang.
Dhalang wonten ing donya pewayangan dipunartosaken minangka tiyang ingkang nggadhahi keahlian khusus kangge ngobahaken boneka wayang/ringgit (ndhalang). Keahlian kasebat adatipun saking bakat turun – temurun/warisan saking leluhuripun. Putranipun dhalang menika badhe saged ndhalang tanpa sinau kanthi formal. Piyambakipun ndherek bapakipun rikala saweg ndhalang kanthi mbetakaken pirantos, nata panggung, ngatur wayang (nyimping), dados pengrawit, utawi lenggah wonten ing sakwingkinging bapakipun kangge paring pambiyantu nyepakaken ringgit ingkang badhe dipunmainaken. Dhalang inggih menika sutradara, panyerat lakon, narator, pemain karakter, penyusun iringan, seorang “penyanyi”, penata pentas, penari lan sapanunggalanipun. Dudutanipun dhalang inggih menika tiyang ingkang gadhah kemampuan ganda, lan ugi sinebat manager, utawi tiyang ingkang mimpin wonten ing pagelaran dhumateng para anggotanipun (Ki Bambang Asmoro). Dhalang-dhalang ringgit wacucal ingkang sampun kawentar sanged lan dados legenda antawisipun almarhum Ki Narto Sabdo (Semarang, gaya Solo), almarhum Ki Surono (Banjarnegara, gaya Banyumas), Ki Timbul Hadi Prayitno (Yogya), almarhum Ki Hadi Sugito (Kulonprogo, Jogjakarta), Ki Soeparman (gaya Yogya), Ki Anom Suroto (gaya Solo), Ki Manteb Sudarsono (gaya Solo), Ki Enthus Susmono, Ki Agus Wiranto, menawi Pesinden ingkang legendaris inggih menika almarhumah Nyi Tjondrolukito.
Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011

Jumat, 31 Januari 2014

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat (News Feature)




Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipunadegaken déning Pangéran Mangkubumi. Madegipun Kraton Ngayogyakarta dipuwiwiti saking kadadosan nalika dipunawotenaken Perjanjian Giyanti ingkang wosipun inggih punika Krajan Mataram dipunpérang dados kalih inggih punika Kraton Kasunanan Surakarta saha Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Sasampunipun madegkaken Kraton Mataram Ngayogyakarta Pangéran Mangkubumi nggadhahi gelar Sri Sultan Hamengkubuwana I. Raja-raja Kasultanan Ngayogyakarta inggih menika wiwit saking Sri Sultan Hamengkubuwana I dumugi Sri Sultan Hamengkubuwana X. Sri Sultan Hamengkubuwana X tasih dados raja dumugi samenika. Kraton Kasultanan Ngayogyakarta nggadhahi fungsi minangka pusat pamrentahan, saha dalemipun raja sarta kulawarganipun, kajawi saking menika Kraton Kasultanan Ngayogyakarta dados pusat kabudayan wonten ing tanah Jawi.
Sinaoso kasultanan kasebat kanthi resmi sampun dados pérangan saking Republik Indonésia ing taun 1950, komplèks bangunan kraton menika taksih anggadhahi fungsi minangka papan panggènan sultan lan taksih nguri-uri tradhisi kasultanan ngantos samenika. Kraton menika ugi dados salah satunggiling objek wisata ing Kitha Yogyakarta. Sapérangan komplèks kraton arupi muséum ingkang nyimpen rupi-rupi kolèksi kagungan kasultanan, kalebet peparing saking mancanegari ing antawisipun saking raja-raja Éropah, réplika pusaka kraton, lan gamelan.
Saking wujud bangunanipun, kraton menika arupi salah satunggaling tuladha arsitèktur istana Jawa ingkang paling saé, anggadhahi balairung-balairung mewah sarta lapangan paviliun ingkang jembar.
Kraton Yogyakarta wiwit madeg déning Sultan Hamengku Buwono I sawetawis wulan sasampunipun Prejanjèn Giyanti ing taun 1755. Papanipun kraton menika kacariyos tilas pesanggarahan ingkang katelah Garjitawati. Pesanggrahan menika dipunginakaken kangé istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram (Kartasura lan Surakarta) ingkang badhé kasarèkaken ing Imogiri. Versi sanès nyebataken bilih lokasi kraton arupi sendhang, Umbul Pacethokan, ingkang wonten ing satengahing wana Beringan. Sadèrèngipun dados Kraton Yogyakarta, Sultan Hamengku Buwana I manggèn wonten ing Pesanggrahan Ambar Ketawang ingkang samenika kalebet wilayah Kecamatan Gamping Kabupatèn Sléman.

Sacara fisik istana para Sultan Yogyakarta anggadahi pitung komplèks inti inggih menika Siti Hinggil Lèr, Kamandhungan Lèr, Sri Manganti, Kedhaton, Kamagangan, Kamandhungan Kidul, lan Siti Hinggil Kidul. Sanèsipun menika Kraton Yogyakarta anggadhahi rupi-rupi warisan budaya ingkang awangun adicara lan barang-barang kina mawisajarah. Kraton Yogyakarta uga arupi satunggaling lembaga adat pepak lan pemangku adhatipun. Amargi saking menika filosofi lan ugi mitologi tansah kauri-uri ing Kraton Yogyakarta lan ing taun 1995 Komplèk Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipuncalonaken dados salah satunggaling Situs Warisan Donya UNESCO.


Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011



Rabu, 22 Januari 2014

Museum / Perpustakaan “Gedong Kirtya”


Museum Gedong Kirtya mapan wonten ing Kitha Singaraja, Kabupaten Buleleng. Papan ingkang sejatosipun wonten ing saklebeting gedung Sasana Budaya celak kaliyan Puri Agung ( istana kina kerajaan Buleleng). Museum menika dipunbangun ing taun 1982 wonten ing jaman panjajahan Walandi. Museum menika sampun kawentar dhateng mancanagari dados salah satunggaling museum naskah kina. Kathah masyarakat saking mancanagari ingkang rawuh wonten museum menika kangge ngawontenaken panaliten, sarta ancas-ancas sanesipun. Para masyarakat wonten ingkang rawuh ing museum menika kanthi ajeg lan wonten ugi ingkang saben 6 sasi kaping sepisan utawi rikala prei nalika sekolah.
Museum ingkang mapan wonten ing Jl. Veteran, Singaraja, Bali lan bikak saben dinten Kemis wanci tabuh 07.00-15.30 lajeng dinten Jumat tabuh 07.00-12.30 lan prei nalika dinten Setu lan Minggu menika nggadhahi sejarah ngadegipun inggih menika sastra ingkang wonten dhaerah Bali lan Lombok ingkang sampun dipunwarisaken dening para sesepuh kita, dipunserat wonten ing ron lontar lan lontar-lontar menika prelu dipunjagi lan dipunlestantunaken. Jalaran saking menika naskah-naskah ingkang migunani sanged wonten ing bidang keilmuan kasebat rikala jaman Walandi dumugi jaman samenika dipunsimpen kanthi sae wonten ing Gedong Kirtya Singaraja. Gedong Kirtya menika mapan wonten ing Jl. Veteran 20, Singaraja, Bali.
Kangge ngemutaken kesaenan-kesaenan ingkang sampun dipuntindakaken dening kalih cendikiawan saking Walandi inggih menika F A Liefrinck saha Dr. Van Der Tuuk ingkang sampun ngawiti panaliten kabudayan, adat-istiadat, lan basa wonten ing Bali, dening salah satunggaling wakil pemerintah Walandi (Residen Bali lan Lombok) lan salah satunggaling tiyang cendikiawan saking Walandi ingkang asmanipun L J J Caron, nggadhahi pamanggih supados ngawontenaken sarasehan wonten ing Kintamani. Lajeng saking sarasehan kala wau saged kasil salah satunggaling Paguyuban (stiching) papan kangge nyimpen Lontar (Pusaka Lontar) utawi manuscript (MSS), dipunsengkuyung dening Dr. R Ng Purbacaraka, Dr. W R Stuterheim, Dr. R Goris, Dr. Th Pigeand, Dr. C Hooykaas lan ingkang sinaoso paring pambiyantu inggih menika para Pinandita lan sedaya raja ing Bali kanthi pambiyantu wonten ing bidang moril lan materiil. Paguyuban menika saged dipunsebat ugi minangka wujud alitipun Asiatic Society kagem dhaerah Bali Lombok ingkang dipunjangkepi mawi koleksi MSS lan maneka warni piranti kesenian saha penerbitan-penerbitan kanthi wekdal tartamtu saking para sarjana ingkang ngawontenaken panaliten asal usulipun Bali. Gedhung utawi papanipun dipunbangun wonten ing Singaraja jalaran rikala semanten Singaraja menika dados ibu kota Bali. Papan pangemut-emut menika rumiyin dipun paring asma Stiching Liefrinck Van der Tuuk.
Ananging kanthi pamanggihipun  Raja Buleleng I Gusti Putu Jlantik dipunsukani mawi pacelathon Sansekerta-Bali “Kirtya” kanthi mekaten paguyuban menika kawentar kanthi asma “Kirtya Liefrinck Van der Tuuk” ingkang dipunjejegaken rikala tanggal 2 Juni 1928 wonten ing Singaraja lan saged dipunbikak kagem masyarakat rikala tanggal 14 September 1928.
Tanggal pambukanipun miturut taun Ishaka ingkang dipunagem wonten ing Bali, dipuntingalaken mawi Monogram utawi Candra Sengkala ingkang dipunukir wonten ing lawang mlebet (Paduraksa). Wonten ing mrika ketingal manungsa ingkang nitih gajah mawi panah wonten ing astanipun, lajeng mejahi mungsuhipun lan tiyang ingkang kenging panah menika pejah. Petanganipun kanthi mekaten :
Manungsa (1), Gajah (8), Panah (5) lan tiyang pejah petanganipun (0), lajeng rikala dipunwaos taun Ishakipun inggih menika Ishaka 1850.
Padamelan wonten ing paguyuban dipunawiti rikala Desember 1930 dening para sarjana Walandi lan dipunsengkuyung dening para cendikiawan saking Bali. Buku ingkang sampun dipunwiyaraken kadosta awujud Buletin (Mededeelingen), Kidung (Pamancangah) dipunwiyaraken kanthi aksara latin sarta ulasanipun dening Dr. CC Berg, Oudheden van Bali dening Dr. W R Stutterheim ingkang arupi pawiyaran wiwitan Kirtya.
Cacahipun koleksi Lontar menika 1750 cakep, Salinan Lontar 7211  irah-irahan, Buku 8490 irah-irahan, sedanten menika dipunurutaken kanthi adhedhasar kelompok (klasifikasi), ing antawisipun :
 I.       WEDA
a.       Weda, Weda-weda ingkang wonten ing Bali, mawi basa Sansekerta, Jawa Kuno, lan Bali
b.      Mantra, miturut mula bukanipun saking Jawa lan Bali
c.       Kalpasastra, (Ritnalia) wosipun inggih menika manpangat upacara-upacara ingkang wonten sesambunganipun kaliyan agama
                        II.       AGAMA
a.       Palakerta, ngewrat tata trapsila kadosta : Dharmasastra, Kertasima lan Awig-awig.
b.      Sesana, buku ingkang nedahaken babagan kasucenan tindak tanduk.
c.       Niti, ngewrat babagan hukum lan ugi perundang-undangan ingkang dipunginakaken wonten ing jaman kerajaan.
                        III.      WARIGA
a.       Wariga, (Astrologiesche Warken) pangretosan babagan Astronomi lan Astrologi
b.      Tutur, (Onderricht) asalipun saking Upadesa pangretosan babagan Kosmos celak kaitanipun kaliyan agama
c.       Kanda, (Handboeken) babagan ngelmi basa, papan, Mitologi, lan ngelmi pangretosan ingkang sejatosipun
d.      Usada, Rontal pangobatan tradhisional
                        IV.      ITIHASA
a.       Parwa, dipundamel awujud Prosa
b.      Kekawin, dipundamel kanthi adhedhasar maat India Kina
Pangretosan saha ngelmi ingkang dipunukir wonten ing lontar lan dokumen sanesipun menika dados harta  ingkang boten saged dipungunggungaken. Jalaran saking menika kangge damel pangretosan kasebat saged dipunmangretosi dening masyarakat, Ron Jenkis ingkang dipunsengkuyung kaliyan para sarjana Bali, I Nyoman Catra, Dewa Made Dharmawan, lan Elizabeth Ridolfo damel salah satunggaling proyek ingkang dipun awiti taun 2011. Ancasipun kangge nyimpen, njagi, lan paring pangretosan dhateng mancanagari babagan literatur Bali. Mawi menika tiyang saking nagari manca saged ningali naskah-naskah kasebat. Proyek menika dipunawiti kanthi mendhet poto saking saben lontar lajeng dipununggah dhateng server internet. Kejawi mekaten, wos saking naskah ingkang ajegipun dipunserat mawi basa Kawi, Bali Kuno, lan Sansekerta saged dipun alih basakaken wonten ing basa Bali, Basa Indonesia, saha Basa Inggris. Proyek menika dioundadosaken kangge cara nepangaken literature Bali wonten ing Mancanagari.


Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011                    

Kesupen Nggesangaken Riting, dados Memala (Straight News)


        Rizki (21) mlicet-mlicet saksampunipun sepedha montor ingkang dipuntitih kaliyan Lili (20), srempetan kaliyan sepedha montor ingkang dipuntitih dening Parjan (35) wonten ing mergi Parangtritis Km.10, Yogyakarta dinten Senin, 9 September kepengker.
Sukardi salah satunggaling tiyang ingkang ningali kadadosan menika mratelakaken bilih srempetan menika kadadosan rikala sepedha montor ingkang dipuntitih Parjan badhe mbelok nengen ananging boten nggesangaken lampu riting. Rizki ingkang nitih sepedha montor wonten ing sakwingkingipun Parjan boten mangretos bilih tiyang ingkang wonten ing sakngajenging piyambakipun menika badhe mbelok, piyambakipun langkung banter anggenipun nitih sepedha montor sahengga srempetan boten saget dipunsingkiri.
Kedadosan kasebat dipunsengkuyung kaliyan Lili. Piyayi estri ingkang dipunbonceng Rizki menika boten nyangka srempetan  menika saget kadadosan. “Mergi menika jembar, dados kita saking wingking badhe nyalip saking tengen, ananging bapak ingkang wonten ngajeng kala wau malah mbelok nengen boten nggesangaken riting, nggih kita boten mangretos bilih bapak wau badhe mbelok,“ ngendikanipun piyayi estri ingkang dados Sales Promotion Girl (SPG) menika.
Parjan ingkang semaput wonten papan kadadosan prakara menika dipunbeta wonten ing griyanipun salah satunggaling warga. Boten dipunmangretosi jalaranipun tiyang ingkang lenggah wonten ing mergi Garuda Sakti menika saged semaput. Piyambakipun saged sadar malih saksampunipun 15 menitan lan boten wonten gerah nemen. Namung mumet lan kemeng wonten ing asta tengen ingkang dipunraosaken. Rizki, tiyang ingkang mapan boten tebih saking papan kecelakaan kala wau mlicet-mlicet wonten ing asta saha sukunipun. Lajeng Lili namung mlicet sekedhik wonten ing astanipun.
Erni, sedherekipun Rizki, kuciwa sanget srempetan kala wau saged kadadosan. Piyayi estri ingkang radi sepuh menika radi kaget ningali kahanan rayinipun. “Nembe kala wau piyambakipun pamit badhe njujugaken pacaripun nyambut damel, nembe sauntara lajeng  wonten telpon menawi piyambakipun srempetan. Wau nggih sampun kula wanti-wanti supados langkung ngatos-atos anggenipun nitih sepedha montor,“ ngendikanipun Erni.
Salah satunggaling warga, Mur (35) mratelakaken bilih wonten ing mergi kala mau asring kadadosan kecelakaan. Mergi ingkang jembar ndadosaken para tiyang ingkang ngginakaken mergi menika anggenipun nitih langkung banter. Kahanan ingkang radi sepi ndadosaken anggenipun nitih banter sahengga kesupen bilih kedah ngatos-atos.
Srempetan ingkang ndadosaken sepedha montor tiyang kekalih menika risak, dipunrampungaken kanthi cara kekeluargaan, cara ingkang sae. Para korban lajeng dipunrujuk dhateng Griya Sakit Nurush Sadri ingkang mapan boten tebih saking papan srempetan kala wau.

Dening: Priyo Nugroho (11205244025) PBD G 2011